Pages

Social Icons

Beranda

Thursday 23 August 2012

Contoh IKRAR / Pidato Halal Bi Halal dalam Bahasa Jawa Krama

Terimakasih Atas Kunjungannya


IKRAR
Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Alhamdulillah, alhamdulillahil ladzi arsala rasullahu bil huda wad dinil haq.
Liyuth hirohu ‘alad dini kulih. Walau kharihal musyrikuun.
Asyadu ala ilaha ilaha wa asyhadu anna muhammadan abduhu warosulluh.
Allahumma sholli ‘ala sayyidina muhammad wa ‘ala ali muhammad
Amma ba’du...

1.       Dhumateng panjenenganipun Bapak Mubaligh, Bapak K. M. Nurudin ingkang kawula hormati.
2.       Dhumateng Bapak Kepala Desa Kaliboto dalasan para perangkatipun ingkang kawula hormati.
3.       Dhumateng Bapak Ketua Badan Permusyawaratan Desa, Desa Kaliboto dalasan para anggotanipun.
4.       Dhumateng Bapak Ketua Lembaga Pemberdayaan Masyarakat Desa, Desa Kaliboto dalasan seksi-seksinipun.
5.       Bapak Ketua RW, Ketua RT Dusun Ngelo Asri dalasan wakil-wakilipun
6.       Para rawuh, tamu undangan, para pinisepuh Warga Masyarakat Dukuh Ngelo Asri dalasan rencang-rencang Karang Taruna “Lestari Asri” Dukuh Ngelo Asri ingkang kawula hormati ugi.
Langkung rumiyin monggo kito sesarengan ngaturaken raos puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT, ingkang sampun paring kenikmatan saha kawilujengan dhumateng kito sedaya saenggo saget ngrawuhi Halal Bi Halal Karang Taruna “Lestari” dalasan wargo masyarakat wonten Dukuh Ngelo Asri mriki.
Ibu, Bapak para rawuh dalasan para tamu undangan ingkang kula hormati, sakderengipun kula nyuwun pangapunten ingkang agung, dene kula kinen matur dhumateng para sesepuh dalasan para rawuh sedaya, kula ingkang minangka wakil sedaya rencang-rencang Karang Taruna “Lestari Asri” Dukuh Ngelo Asri mriki.
Kula ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpo upami menggah karawuhan panjenengan sami. Mugi-mugi karawuhan panjenengan ing pangajab, kula sak konco Karang Taruna “Lestari Asri” kerso’o hanampi sungkem saha paring pangapunten kanca-kanca Karang Taruna “Lestari Asri” wonten Dukuh Ngelo Asri mriki.
1.       Ingkang ongko sepisan
Sak lebetipun sesrawungan kaliyan panjenengan sedaya para sesepuh dalasan pinisepuh wargo masyarakat Dukuh Ngelo Asri mriki. Kula minangka wakil saking kanca-kanca Karang Taruna “Lestari Asri” kathah sanget kekiranganipun awit saking meniko wonten kesempatan saha wekdal ingkang sae puniko panjenengan kerso’o paring pangapunten dhumateng sedaya kanca-kanca Karang Taruna “ Lestari Asri” wonten ing Dukuh Ngelo Asri mriki.

2.       Dene ingkang ongko kalih
Ugi sak lebetipun sesambetan saha sesrawungan mbok bilih kathah sanget tandang tanduk, solah saha tingkah, saha atur ingkang mboten ngremeni dhumateng panjenengan sedaya bebasan tindak sapecak, tembung sak limah saha ulat dlerengan, ingkang sedaya kala wau ketingal punapa dene ingkang mboten terang-terangan. Ingkang dipun sengaja punapa dene ingkang mboten dipun sengaja, mugi sedaya kula wau. Kula, minangka wakil Karang Taruna “Lestari Asri” Dukuh Ngelo Asri mriki ngaturaken sugeng riyaya, MINAL AIDZIN WALFAIDZIN. Kula nyuwun pangapunten awit sedaya kalepatan lahir tulusing batin. Dhumateng Ibu, Bapak, Para sesepuh khususipun wonten ing Dukuh Ngelo Asri mriki lumeberipun dhumateng sedaya tamu undangan lan sedaya ingkang rawuh wonten dalu punika.

Mugi gusti Allah Subhanahu Wata’ala paring pangapunten dhumateng kita sedaya.lan mugi-mugi sedaya doso saha kalepatan sageto kalebur wonten ing dalu puniki. Amin...Amin...Amin...Ya Rabbal ‘alamin.
Ugi kula atas nami kanca-kanca Karang Taruna “Lestari Asri” nyuwun do’a saha pangestu mugi Karang Taruna “Lestari Asri” saged nglajengaken lan nindakaken gegayuhan luhur tumindak ingkang sae ing pangajab saged migunani dhumateng diri pribadi khususipun, ugi dhumateng masyarakat Dukuh Ngelo Asri lumeberipun Nusa bangsa dalasan Agami.
Ibu, Bapak, para rawuh ingkang kawula hormati, mekaten menggah ikrar saking Karang Taruna “Lestari Asri” Dukuh Ngelo Asri ingkang saged kula aturaken dhumateng panjenegan sedaya. Kawula minangka wakil saking kanca-kanca Karang Taruna “Lestari Asri” mboh bilih kathah kekirangan saha kalepatan kawula nyuwun agunging pangapunten. Mugi-mugi kita sedaya pinaringan berkah dalasan hidayah saking ngarsanipun Allah SWT.

Amin Ya Rabbal’alamin...

Taqabalallahu minna wa mingkum,
 Jazakumullah khoiron katsiron,
Bilahit taufiq wal hidayah,

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.