Pages

Social Icons

Beranda

Saturday 6 October 2012

LINK BLOG GURU SMA 1 Karanganyar Solo

Terimakasih Atas Kunjungannya


PELAJARAN

MATEMATIKA
BIOLOGI
# Pak Suko
Geografikoe
Sosiologikoe

# Pak Parno
Matematika

# Pak Joko
Sejarah

# Bu Han
Matematika

# Bu Heni
Matematika

# Bu Inda
Matematika

# Bu Parti
Matematika

# Pak Gik
Matematika

# Pak Edi
Matematika

# Pak Bagus
Matematika


Tuesday 2 October 2012

Lirik Lagu Daerah Jateng - Kodok Ngorek -

Terimakasih Atas Kunjungannya


KODOK NGOREK
Kodok ngorek kodok ngorek
Ngorek ing pinggir kali
Teyot teblung teyot teblung
Teyot teyot teblung
Bocah pinter bocah pinter
Besok dadi dokter
Bocah bodo bocah bodo
Besok dadi kebo

Lirik Lagu Daerah Jateng - Dhondong opo salak -

Terimakasih Atas Kunjungannya






Dondong opo salak, duku cilik-cilik
Gendhong opo mundhak, ojo thithik-thithik
Dondong opo salak, duku cilik-cilik
Ngandhong opo mbecak, mlaku thimik-thimik
Adhi nderek ibu, tindhak menyang pasar
Ora pareng rewel, ora pareng nakal
Mengko ibu mesti, mundhut oleh-oleh
Gedhang karo roti, adhi diparingi
Dondong opo salak, duku cilik-cilik
Gendhong opo mundhak, ojo thithik-thithik
Dondong opo salak, duku cilik-cilik
Ngandhong opo mbecak, mlaku thimik-thimik
Adhi nderek ibu, tindhak menyang pasar
Ora pareng rewel, ora pareng nakal
Mengko ibu mesti, mundhut oleh-oleh
Gedhang karo roti, adhi diparingi

Lirik Lagu Daerah Jateng - Turi - Turi Putih -

Terimakasih Atas Kunjungannya


Turi – Turi Putih

Turi – turi putih ditandur ing pinggir sumur
Turi – turi putih di tandur ing pinggir sumur
Jemleret tibanyemplung mbok kira kembange opo
Mbok kira mbok kira mbok kirakembangeopo
Kembang kembang waru kembang waru diwiru – wiru
Kembang kembang waru kembang wartu di wiru – wiru
Kang mituhu marangguru ben lakune ora kliru
Mbok kira mbok kira mbokkira kembange opo

Lirik Lagu Daerah Jateng - Pithik Tukung -

Terimakasih Atas Kunjungannya


PITIK TUKUNG

Aku duwe pitik pitik tukung
Saben dina tak pakani jagung
Petok gogok petok petok, ngendhok pitu
Tak ngremake netes telu
Kabeh trondol tanpa wulu
Mondol mondol dol gawe guyu


                                NAMA      : NURAINI ANIS ARIFAH
                                KELAS    : XI IPS 2
                                NOMER  : 27

Lirik Lagu Daerah Jateng - Sluku - sluku Bathok -

Terimakasih Atas Kunjungannya


SLUKU-SLUKU BATHOK



Sluku-sluku bathok,Bathoke ela-elo
Si Rama menyang solo,oleh-olehe paying monto
Tak jentit,lo lo lo bah
Wong mati ora obah
Yen obah medeni bocah
Yen urip goleka duwit

Lirik lagu Daerah Jateng - Juk Tali Juk Emping -

Terimakasih Atas Kunjungannya


JUK TALI JUK EMPING

Juk tali – juk emping
Jaluk talijobang – jabing

Juk tali – juk emping
Jaluk talijobang – jabing


Lirik Lagu Daerah Jateng - Asmaradhana -

Terimakasih Atas Kunjungannya



Jam Pitu Mangkat Sekolah
Koyo Ngene Rasana Wong Dadi Murid
Wira Wiri Saben Esok
Ngupoyo Kapinteran
Durung Uwis Lamun Durung Bisa Lulus
Lulus Minongko Pratondo
Pratondo Yen Wis Numusi







Lirik Lagu Daerah jateng - Lesung Jumengglung -

Terimakasih Atas Kunjungannya


Nama             : Sinta Octaviany Afa
No                   :23

Lesung Jumengglung
Lesung Jumengglung sru imbal imbalan
Lesung Jumengglung manengkeng manungkung
Ngumandang ngebaki sak jroning padesan
Tok tok tek tok tok gung tok tok tek tok tek tok gung
Tok tok tek tok tok gung tok tok tek tok tek tok gung

Lirik Lagu Daerah Jateng - Mijil (kreasi) -

Terimakasih Atas Kunjungannya


MIJIL
Sampun purna nggenyah hamarsudi
Jroning pawiyatan karanganyar papat smpne
Tigang warsa sampun den lampahi
Nggenyah hamarsudi ngelmu kang satuhu

Lirik Lagu Daerah Jateng - Pangkur (kreasi )-

Terimakasih Atas Kunjungannya


Pangkur

Sejatine Indonesia
tuladha budaya idening bumi
Gusti paring bandha bandhu
Zamrud khatulistiwa
Bisa agawe ayem tentrem ing bumi
Bebasan barlean endah Indonesia edi peni

Lirik Lagu Daerah Jateng - Prahu Layar -

Terimakasih Atas Kunjungannya


Bottom of Form
Nama : Fella Adiatika
No     : 21
Kelas : XI IPS 2

PRAHU LAYAR
Cipt : Ki Nartosabdo

Yo konco ning nggisik gembiro
Alerap lerap banyune segoro
Angliyak numpak prau layar
Ing dino minggu keh pariwisoto
Galo praune wis nengah
Byak byuk byak banyu binelah
Ora jemu jemu karo mesem ngguyu
Ngilangake roso lungkrah lesu
Adik njawil mas
Jebul wis sore
Witing kalopo katon ngawe awe
Prayogane becik balik wae
Dene sesuk esuk
Tumandang nyambut gawe

Lirik Lagu Daerah Jateng - Kupu Kuwi -

Terimakasih Atas Kunjungannya


Isfat Dias .P (20)
Kupu kuwi

Kupu kuwi tak encupi
Mung mabure ngewuhake
Ngalor – ngidul , ngetan bali ngulon
Mrono – mrene mung saparan-paran
Mbok yo ojo  menclok
Tak encupe
Mentas menclok cegrok
Banjur mabur kleper

Lirik Lagu Daerah Jateng - Jaranan -

Terimakasih Atas Kunjungannya


JARANAN

Jaranan jaranan jarane jaran Teji
Sing numpak Ndara Bei, sing ngiring para mantri
Jrek jrek nong, jrek jrek gung jrek jrek turut lurung
Gedebuk krincing gedebuk krincing Jrek Jrek gedebuk jedher
Gedebuk krincing gedebuk krincing Jrek Jrek gedebuk jedher

Lirik Lagu Daerah Jateng - Gambang Suling -

Terimakasih Atas Kunjungannya


GAMBANG SULING
Gambang suling kumandang swarane
Tulat tulit kepenakunine
Uuuuuuunine mung ngrenyuhake bareng lan kentrung
Ke.. tipung suling
Sigrak  kendangane

Lirik Lagu Daerah Jateng - Gugur Gunung -

Terimakasih Atas Kunjungannya


Retno Ponco . D (22)
GUGUR GUNUNG
ayo ayo kanca kanca
ngayahi karnaying praja

kene kene kene kene
gugur gunung tandang gawe

sayuk sayuk rukun bebarengan ro kancane
lila lan legawa kanggo mulyaning negara

siji loro telu papat
maju papat papat

diulang-ulangake mesthi enggal rampunge
holopis kontul baris
holopis kontul baris

Lirik Lagu Daerah jateng - Padang Bulan -

Terimakasih Atas Kunjungannya


PADANG MBULAN

Yo, porokoncodolananningjobo
Padang mbulan, padangekoyorino
Rembulane sing ngawe-awe
Ngelingakeojopodoturu soresore

Lirik Lagu Jateng - Tikus Pithi -

Terimakasih Atas Kunjungannya



Tikus Pithi

Tikus pithi duwe anak siji
Cicit cuwit cicit cuwit
Si tikus mangani pari

Tikus pithi duwe anak siji
Cicit cuwit cicit cuwit
Si tikus mangani pari


Lirik Lagu Daerah Jateng - Mijil -

Terimakasih Atas Kunjungannya


Mijil
Poma kaki pada dipun eling
Ing pituturingong
Sira uga satriya arane
Kudu anteng jatmika ing budi
Ruruh sarwa wasis
Samubarang ipun

Lirik Lagu Daerah Jateng - Ojo Dipleroki -

Terimakasih Atas Kunjungannya


Ojo Dipleroki



Mas mas mas ojo dipleroki
Mas mas mas ojo dipoyoki
Karepku njaluk diesemi
       Tingkah lakumu kudu ngerti coro
       Ojo ditinggal kapribaden ketimuran
Mengko gek keri ing jaman
       Mbok yo sing eling
Eling bab opo
       Iku budoyo
Pancene bener kandamu









Nama      : Tyasning Ediastuti
No          : 13
Kelas       : XI IPS 2

Lirik Lagu Daerah Jateng - Suwe Ora Jamu -

Terimakasih Atas Kunjungannya


Suweorajamu

Suwe ora jamu,
Jamu godong telo,
Sue ora ketemu,
Ketemu pisan gawe gelo.
suwe ora jamu,
jamu godong pace,
suwe ora ketemu
ketemu pisan lha kok ngece.
suwe ora jamu,
jamu godong kates,
suwe ora ketemu
ketemu pian malah ngeces.

Lirik Lagu Daerah Jateng - Gundul - Gundul Pacul -

Terimakasih Atas Kunjungannya


Nama     : Fatimah KP
No         : 11

GUNDUL-GUNDUL PACUL

Gundul gundul pacul cul
Gembelengan..
Nyunggi nyunggi wakul kul
Gembelengan...
Wakul glimpang segane dadi sak latar
Wakul glimpang segane dadi sak latar

Lirik Lagu Daerah Jateng - Nyata Kowe Wasis -

Terimakasih Atas Kunjungannya


Nyata Kowe Wasis

Nyata kowe wasis
Batangan sing gelis lis lis lis
Cangkriman telu iki
Jangkrik sungut slawe  batangane opo
Manuk ndase telu batangane opo
Bapak demang mang klambi abang bang bang bang
Di suduk mantuk mantuk

Lirik Lagu Daerah Jateng - Gambuh -

Terimakasih Atas Kunjungannya


GAMBUH


3 5 5 5 5 3 5 6
SEKAR GAMBUH PING CATUR
6 5 3 2 2 3 5 5 3 5 6
KANG CINATUR, POLAH KANG KALANTUR
2 1 6 1 2 2 2 2 2 3 1 6 5
TANPA TUTUR, KATULATULA KATALI
1 2 2 2 3 1 2 3
KADALUWARSA KATUTUH
3 5 6 5 3 2 1 2
KAPATUH KANG DADI AWON

Lirik Lagu Daerah Jateng - Tul Jenak -

Terimakasih Atas Kunjungannya


Leliyana Putritama (12)
XI IPS 2
TUL JAENAK
Gula jawa rasane legi
Kripik mlinjo dipangan asu
Arep mulyo kudu mersudi
Buta ijo aja digugu

Tul jaenak jaejatul jaeji
Kuntul jare banyak
Ndoke bajul kari siji


Lirik Lagu Daerah Jateng - Bebek adus Kali -

Terimakasih Atas Kunjungannya


BEBEK ADUS KALI
Bebek adus kali nututi sabun wangi
Bapak mundut roti, adek mboten di paringi

Lirik Lagu daerah Jateng - Cublak - Cublak Suweng -

Terimakasih Atas Kunjungannya


NAMA     :NIA ARDINURROHMAH
KELAS    :XI.IPS 2/06


            Lirik lagu tradisional Cublak Cublak Suweng
(Jawa Tengah)

Cublak cublak suweng
Suwenge ting gelenter
Mambu ketudhung gudel
Pak gempong lera lere
Sapa ngguyu dhelekake
Sir pong dhele gosong 2x

Lirik Lagu Daerah Jateng - Pocong -

Terimakasih Atas Kunjungannya


POCONG
Bapak pocong, dudu watu dudu gunung
Sangkanane soko ing sebrang
Ngon-ingone sang bupati
Bapak pocong yen mlaku, lembehan grana

Lirik Lagu daerah Jateng -Tekate Dipanah-

Terimakasih Atas Kunjungannya


Nama  : Meliza Rakasiwi
No                    : 03
Tekate Dipanah
Tekate dipanah
Dipanah ngisor gelagah
Ana manuk onde-onde
Mboksri bombok mbok srikate
Kelan lombokkelan tempe
Mbok sri bombok mboksri kate

Lirik Lagu Daerah Jateng - Jamuran -

Terimakasih Atas Kunjungannya


JAMURAN

Jamuran…
Yo ge ge thok
Jamur….opo ?
Yo ge ge thok
Jamur Gajih Mbrejijh sak ara ara
Siro Badhe……Jamur Apa ?




                                                                                  Gelar Rajawali Mahendra
                                                                                  02
                                                                                  XI IPS 2

Contoh Pambagyaharja/ Tanggap Wacana -Acara Pisahan Kelas XII-

Terimakasih Atas Kunjungannya


PAMBAGYAHARJA

Assalamualaikum Warrahmatullahi Wabarakatuh
                Dhumateng panjenenganipun Kepala Sekolah SMA N 1 Karanganyar, Bapak Ibu Guru dalahan Staff Karyawan SMA N 1 Karanganyar ingkang kula bekteni, kanca – kanca sarta adhik – adhik kelas SMA N 1 Karanganyar ingkang kula tresnani.
                Mangga kita ngaturaken puji syukur dhumateng Allah SWT, Pangeran sedaya alam saengga kita sedaya saged makempal ing papan mriki, dene ing dinten punika kula lan panjenengan taksih saged mahargya acara pepisahan kelas kalih welas kanthi wilujeng nir sambikala.
                Para tamu sinedhahan, kula minangka wakilipun putra – putri siswa kelas kalih welas, ngaturaken agunging panuwun awit raos ikhlas saha Bapak Ibu Guru ingkang tresna anggenipun nggulawenthah dhumateng para siswa.
                Kula saha kanca – kanca kelas XII ingkang badhe nilar pawiyatan tansah nyuwun lan ndedonga adhik – adhik saged kasil anggenipun sinau lan tansah ngaosi Bapak Ibu Guru.
                Para tamu ingkang kinurmatan, kula naming tansah nyuwun tambahing donga pangestu saking Bapak Ibu Guru saha adhik – adhik. Kula minangka wakil kelas XII nyuwun agunging panuwun ingkang tanpa upami. Semanten ingkang kula aturaken, mbokbilih wonten kekirangan saha kalepatan kula nyuwun agunging samudra pangaksami.
Wassalamualaikum Warrahmatullahi Wabarakatuh

Contoh Pambagyaharja/ Tanggap Wacana - Acara 17-an Agustus-

Terimakasih Atas Kunjungannya


Assalamualaiykum Wr. Wb.
                Dhumateng panjenenganipun Ketua Karang  Taruna “ Cinta Damai” ingkang kula bekteni, sarta kadang-kadang Karang Taruna “Cinta Damai” ingkang winantu ing suka basuki.
                Kadang-kadang ingkang winantu ing suka rena, mangga langkung rumiyin kula dherekaken ngaturaken puji dalasan syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, awit panjenengan lan kula kaparingan kanikmatan ingkang awujud kamardikan, dene ing dinten ingkang mirunggan punika panjenengan lan kula taksih saged mahargya dinten proklamasi ingkang kaping 67.
                Panjenenganipun Ketua Karang Taruna ingkang kula urmati, wonten ing pengetan punika kula sakanca gadhah ancas badhe ngeregengaken kamardikan kanthi ngawontenaken Pentas Seni, ingkang rancanganipun benjang jng dinten Setu malem Minggu tanggal 18 Agustus 2012. Awit saking punika wonten mriki badhe kula waosaken acara-acara ingkang badhe kalaksanan :
1.       Pambuka
2.       Sambutan saking Ketua Panitia, Bapak Kadus, lan Bapak Lurah
3.       Pentas gerak dan lagu ingkang badhe nindakaken mudha dalasan mudhi
4.       Hiburan
5.       Penutup
Mugi sedaya acara punika saged kalampahan kanthi rancag.
                Pramila kula minangka wakil saking kadang-kadang menawi wonten kekirangan anggenipun ngrancang kegiyatan ingkang boten jumbuh semangat kamardikan, kula sakanca nyuwun panyaruwe ingkang tundhonipun saged damel mindhak saenipun sesrawungan ing madyaning Karang Taruna “ Cinta Damai “ ngriki.
                Kula kinten boten prayogi manawi kula matur kathah-kathah awit taksih kathah asara ingkang badhe kagelar ing ndalu punika, pramila menawi anggen kula matur kathah kekiranganipun kula nyuwun agunging  pangapunten. Panutuping atur
Wassalamualaiykum Wr. Wb.


Nama    : Meliza Rakasiwi
Kelas     : XI IPS 2
No          : 03

Contoh Laporan Berita / Pawarta Bahasa Jawa

Terimakasih Atas Kunjungannya


Pawarta

Ancas/Tujuan    : Ngudi Katrangan bab isne pawarta sing dirungokake lan surasa baku sing ana ing pawarta
Dina/ Tanggal,anggone Ngrungoake: Jemuah legi/ 13 januari 2012
Tv/ Jeneng Siaran          : TATV/TA Wengi
Kasile:
1.Isi/Wos Surasane:
Tersangka kasus korupsi pakrumape mosi dinas dprd mbrebekan mangkir maneh saka panitipe prikso kejaksaan purwodadi.Tersangka ora iso teko amarga loro,mitro trancangan jerone panitipe prekso pangkasing telu kasebut pihak kejaksaan bakal nggolek titik melik keng mbeber tersangka jerone kasus pangrumape mobil dinas ptfb periode 2006-2008.
Amanat: Yen dadi wong mengko aja seneng korupsi, amargane wong sing korupsi iku bakalane susah ning donya lan susah ning akhirat.

Nama: Indra Yuda Wardiana
No:17
Kelas: X5

Cerita Rakyat Bahasa Jawa - KANCIL LAN MERAK -

Terimakasih Atas Kunjungannya

KANCIL LAN MERAK


Merak pancen seneng macak. Mula tansah nengsemake. Wulune katon edi, gawe resep kang padha nyawang. Mula ora sithik tangga-teparo padha mara nyang omahe Merak saperlu sinau ngadi busana lan ngadi salira.“Aku pengin supaya bisa nduweni sandhangan wulu kaya kowe, Rak,” ujare Kancil marang Merak.“Sandhangan wulu kang tememplek ing awakku iki paringane Gusti Kang Akarya Jagad. Aku mung tinanggenah ngrumat lan njaga supaya tetep katon endah,” wangsulane Merak kanthi sareh. “Anggonku seneng dandan lan ngupakara kaendahan iki mung wujud rasa syukurku marang Gusti!” bacute tanpa linandhesan rasa umuk.“Supaya wuluku bisa dadi kaya wulumu, piye carane?” pitakone Kancil.

“Tangeh lamun, Cil! Aku-kowe ki mung saderma nglakoni. Apa kang dadi peparinganing Pangeran kudu tinampa kanthi ati segara,” wangsulane Merak. “Karo maneh kabeh sing tememplek ana saranduning badan iki, mesthi piguna marang awake dhewe. Kang ana ing aku ora durung mesthi ana ing kowe, semono uga kosok baline, Cil. Wulu soklatmu kuwi mesthi piguna tumrapmu!”

Nanging Kancil sajak kemeren nyawang kaendahan wulune Merak. “Piguna apa?” Sawise megeng napas sawetara banjur nggrundel, “Senajan piguna, nyatane wuluku letheg! Aku luwih bungah yen wuluku bisa kaya wulumu! Saben kewan ora sebah nyawang!”“Kuwi rak mung saka panggraitamu dhewe. Nanging ora kok, Cil!” sahute Merak. “Sebab saben kewan ginaris dhewe-dhewe! Uga bab wulu! Wulu-wuluku kaya ngene, wulu-wulumu kaya ngono, wulune Macan, wulune Gajah, lan sato kewan liyane ora ana sing padha!”

Senajan akeh-akeh Merak anggone ngandhani, nanging ora bisa mbendung pepenginane Kancil nduweni wulu kaya wulu Merak. “Sakarepmu anggonmu kandha, Rak! Mung aku njaluk tulung supaya aku bisa nduweni wulu kaya kowe!” kandhane Kancil setengah meksa.

Merak gedheg-gedheg gumun karo kekarepane Kancil. “Saupama bisa, terus mengko kowe dadi kewan apa?” pitakone Merak.“Kewan apa wae terserah sing arep ngarani! Mung kira-kira bisa ta, Rak?” pitakone Kancil ngoyak, ora sabar.“Bisa wae, nanging mung imitasi! Pasangan!”“Ora masalah!” Kancil bungah. “Ndang dipasang!” panjaluke kesusu.“Ya sabar, Cil! Aku kudu nglumpukake bodholane wuluku lan wulu-wulune wargaku.”“Terus kapan?”“Udakara rong mingguan.”“Tak tunggu, Rak, ujare Kancil banjur nerusake lakune. Merak mung nyawang kanthi mesem, “Cil, Kancil. Yen duwe kekarepan kok ngudung, tanpa metung tuna lan bathine. Kudu tak udaneni kekarepane, ngiras kanggo menehi piwulang marang dheweke.”Tekan dina sing dijanjekake, esuk uthuk-uthuk Kancil
wis tekan omahe Merak. “Piye, Rak? Iki
wis rong minggu!”“Beres!” jawabe Merak karo nata wulu-wulu sing
wis diklumpukake, “Gilo! Wulu-wulu
wis mlumpuk, malah
wis dakdhewek-dhewekake! Wulu awak, wulu swiwi, wulu buntut, aku uga
wis golek tlutuh wit karet barang minangka kanggo nemplekake ing badanmu!”“
Wis gek ndang dipasang nyang awakku!” ujare Kancil karo lungguh dhingklik sacedhake Merak.Merak banjur ngoser-oseri kabeh kulite Kancil nganggo tlutuh karet. 

Bareng kawawas wis ora ana sing keri, baka siji Merak nemplekake wulu-wulu nut karo kebutuhane. Wulu gulu ditemplekake ing gulu, wulu awak ing awak, wulu sikil ing sikil, dene wulu buntut uga dipasang ing buntute Kancil.Sedina natas, kabeh wulu wis kapasang ing kulite Kancil.“Rampung, Cil,” ujare Merak mesem. “Kae ana pengilon, ndang ngiloa!”Kancil banjur ngilo. Weruh kahanan awake, dheweke mongkog, “Iki sing dakkarepake!” celathune. “Aku bakal dadi salah sijining kewan kang paling endah!”“Bener kandhamu, Cil. Tur ora ana sing madhani!” Merak mbombong. “Mung aja nganti kaendahan mau malah ngreridhu lakumu,” bacute ngelingake.“Ngreridhu piye? Wong apike kaya ngene kok ngreridhu.”“Lho, wulu-wulu kuwi mung templekan. Cetha bakal ngebot-eboti awakmu!”Kancil ora nggagas, malah gage pamitan. “

Wis, Rak. Aku pamit! Lan nedha nrima awit saka kabecikanmu, aku selak pengin mamerke kahananing awakku saiki!”“Sing ati-ati, Cil,” kandhane Merak karo nguntapake Kancil metu saka omahe.Metu saka platarane Merak, Kancil mlaku lon-lonan. Bokonge digidal-gidulake, pamrihe supaya bisa mamerake wulune kang apik tur edi. Saben ketemu sato, Kancil tansah mesem karo aruh-aruh sombong. Dene sing diaruhi uga genti mesem, mung eseme esem geli. Geli amarga weruh kahanan kang ora lumrah. Nanging tumrap Kancil esem mau tinampa beda, “Kabeh kewan padha kesengsem lan kepincut karo aku,” ujare jroning ati.Nanging sengsem, edi, lan endah mau ora suwe. Bareng tlutuh karet mau garing, kulite Kancil dadi kaku nyekengkeng. Akibate sikil, gulu, lan buntute angel diobah-obahake. Kancil mung bisa njegreg ngececer, ora bisa lumaku.“Tulung! Tulung! Tuluuung!” pambengoke sabisa-bisane.“Ana apa, Cil?” pitakone Merak krungu pambengoke Kancil.“Gage tulungana aku, saranduning badanku angel diobahake!”“Kabeh wulu sing nemplek ing awakmu kudu dicopot kabeh, kowe gelem?”“Gelem, Rak!” ujare Kancil nglenggana marang apa sing wis dilakoni. Dheweke eling menawa kabeh paringane Gusti mono kudu tansah disyukuri. Apik, edi, lan endah tumraping sesawangan kadhang bisa ngganggu utawa mbilaheni.

Alon-alon, Merak mbubuti wulu sing
wis kebacut kraket ing awake Kancil. Senajan ngrasakake perih amarga sebagian kulite ana sing katut thethel, Kancil mung mringis-mringis karo ngempet lara. Ora sambat. Ndhadha tumindake kang salah merga mung nuruti karepe dhewe, tanpa metung tuna lan bathine.
Sing ndongeng: Bagong Soebardjo

Contoh Tanggap Wacana / Pambagyaharja - Halal Bi Halal-

Terimakasih Atas Kunjungannya


Nama          : Fella Adiatika
No     : 21
Kelas : XI IPS 2


            Assalamualaikum Wr.Wb
            Dhumateng ibu kepala desa ingkang kula kurmati, bapak kepala dusun ingkang kula bekteni, ugi bapak ibu sedaya ingkang rawuh ingkang winantu ing kabagyan lan kawilujengan.
            Para rawuh ingkang winantu ing kabagyan, sakderengipun panjenengan sedaya lan kula ngawiwiti adicara punika, mangga ingkang sepisan panjenengan lan kula ngucapaken syukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Kuasa awit panjenengan lan kula tansah kaparingan kasaran lan kanikmatan saengga saged makempal wonten ing mriki kangge nglampahaken adicara halal bihalal.
            Para rawuh ingkang winantu ing kabagyan, sakderengipun mlebet ing adicara utami kula ngaturaken maturnuwun amargi bapak lan ibu sedaya sampun nglonggaraken wekdal kangge rawuh  wonten ing mriki. Para rawuh ingkang winantu ing pakurmatan, sesasi kapungkur panjenengan sedaya lan kula sampun nglampahi ingih punika siam wajib kangge nglampahaken dhawuhipun Gusti Allah ingkang utami inggih punika kangge tiyang muslim. Ing wekdal punika panjenenga lan kula makempal wonten ing mriki kangge ngawontenaken silahturahmi, sami nglebur dosa dhumateng tiyang sanes. Amargi mboten wonten tiyang ingkang mboten gadhah lepat, awit punika mangga panjenengan lan kula sami ngikhlasaken ati kangge nyuwun pangapunten lan menehi pangapunten.
            Para rawuh sedaya, mugi-mugi keikhlasan kita nyuwun pangapunten saha atur pangapunten saged ndadosaken kita sedaya tiyang ingkang langkung sae, lan mugi-mugi panjenengan lan kula tansah dipunparingi berkah dening Gusti Allah supados saged pepanggihan malih ing ramadhan taun ngajeng.
            Para rawuh ingkang winantu ing kabagyan, kula kinten semanten ingkang saged kula aturaken. Sedaya saenipun inggih punika saking Allah SWT, lepatipun saking kula piyambak. Menawi lepat kula nyuwun agenging samudra pangaksami.
            Wassalamualaikum Wr.Wb



Contoh Lain PAMBAGYAHARJA :
1