Pages

Social Icons

Beranda

Friday 15 February 2013

Cerita Rakyat Jawa Tengah Asal - Usul Nama Desa Serayu (Dalam Bahasa Jawa)

Terimakasih Atas Kunjungannya :-)
Thanks For Visiting My Blog


ASAL USUL JENENG DESA SERAYU

Kang Toro – Sawiji ning dusun ing daerah ingkang tandus, wonten keluarga ingkang atas nami Darmakusuma ingkang gadah garwa, Erawati. Gesangipun, Darmakusuma tentrem napa malih seniki garwanipun saweg mbobotanging Darmakusuma kuwatir mriksani garwanipun, “Napa ingkang diraosaken garwaku?” ngendika Darmakusuma. “Menawi putranipun lair, nanging daerahipun tandus susah madosi toya, kados pundi nasib putranipun kita?”. Ingkang penuh kasih sayang Darmakusuma maringi pangerten dhumateng garwanipun lan ngibur Erawati, supados mboten usah kuwatir.
Darmakusuma kaliyan sedaya usahanipun madosi tuk. Teng pundi mawon sampun didatengi, dugi Pring sedapur Sangkanayu lan daerah Talagening. Nanging tetep mboten wonten toya, ngantos dinten-dinten. Dugi garwanipun lairan, tetep mboten angsal padahal toya ingkang wonten cukup kangge masak lan nginum.
Darmakusuma putus asa ing penggalihipun ngendika, “Menawi usaha lan do’a ingkang khusuk Gusti Allah pasti bakal ngabulna penyuwunanku. “Ingkang tengah keheningan, Darmakusuma bertapa nyuwun pertolongan dhumateng Tuhan Ingkang Maha Kuasa, supados napa ingkang dipun suwun dikabulna termasuk kebutuhan toya.
Ijig-ijig dateng tiyang jaler ingkang ngaku naminipun Sabdaita. Tiyang jaler punika maringi saran supados bayinipun diasta medal lan embing-embing ipun segera dipotong. Darmakusuma nglampahaken perintah kasebut. Sewekdal embing-embingipun dipotong, ijig-ijig mekdal toya saking puser bayinipun, amargi kaget embing-embingipun daweh teng toya punika.
Sesampunipun dipriksani, tuk punika wonten kalih. Ingkang setunggal saking kalih tuk punika diparingi nami “Tuk Lanang”, amargi toyanipun deres lan setunggale malih diparingi nami “Tuk Dandang ” amargi tuk punika kaya caruk. Embing-embingipun ingkang daweh lan terendam ing tuk punika damel mambu amis/arus. Nanging toyanipun mboten mambu lan tetep jernih. Amargi wonten mambu amis, daerah punika terkenal ingkang naminipun Dusun Arus.
Darmakusuma ngrasa lega lan terkabul usahanipun, kangge rasa matur nuwun, Mbah Sabdaita diparingi panggenan teng Ciputat. Mbah Sabdaita ngrasa remen manggeni griya kasebut. Ditanemna kalih wit beringin ingkan tumbuh subur, saengga panggenan punika terkenal ingkang sebutan “Waringin Jajar”.
Toya saking Tuk Arus dados kalih lan diparingi nami kali Arus, kangge dados dimanfaatnaken aliran kali diarahnaken selatan lan kebetulan saking arah selatan wonten kali saking Campokoah. Amargi kali punika nglewayi alas jati saengga disebut Pejaten.
Usaha Darmakusuma mbangun dibantu Mbah Sandaita kaliyan pelepah godong kelapa lemah punika di gali utawi disusuk. Ngantos dinten-dinten pekerjaan punika dilampahaken. Akhire kali punika rampung lan diparingi nami “Susukan Pejaten”.
Mriksani pekerjaanipun sampun rampung, Darmakusuma ngrasa remen lan bangga, kangge rasa syukuripun diwontenaken selamatan. Diaturi rawuh petinggi saking Kabupaten Purbalingga, Kanjeng Bupati Purbalingga. Ing sesambutanipun Kanjeng Bupati aturaken selamet dhumateng penduduk utawi warga. “Sira rahayu ” ingkang gadah arti panjenengan selamet. Kata-kata punika ditirukaken sedaya penduduk ingkang rawuh dados “Serayu utawi Sesaya”.
Sesanesipun maringi ucapan selamet Bupati Purbalingga nyaranaken supados Susukan-Pejate dimanfaatna kangge penduduk bagian wetan menawi penduduk bagian ler manfaatna kali Arus. Masyarakat nampi napa ingkang dados saran Bupati Purbalingga.
Pepali utawi larangan sampun dados ingkang sangat nglekat kangge masyarakat, Amargi dusun ingkang dereng gadah nami niki, diparingi nami “Serayu Larangan “. Serayu saking sira rahayu ingkang gadah arti panjenengan selamet. Larangan utawi pepali ngandung arti menawi panjenengan pengen selamet sesanesipun nglampahi kebaikan kudu nebihi larangan.
Nami dusun Serayu Larangan dicocoki masyarakat. Kemakmuran dusun Serayu Larangan nyebabaken kecemburuan Sasrakusuma saking penduduk Gung-Ilang ing usun Serang. Sasrakusuma usaha pengin ganggu lan musuhi. Hal punika dadosaken perselisihan Sasrakusuma kaliyan Darmakusuma. Akhire wonten peperangan nanging dimenangna Darmakusuma ingkang dibantu Mbah Sabdaita.
Maksud Sasrakusuma kandas mboten dados terkabul. Lan akhire Sasrakusuma nyerah. Kemakmuran dirasakan penduduk Serayu Larangan. Penduduk tambah katah. Hal punika dadosaken Darmakusuma pengin buka pemukiman anyar teng bagian ngidul. Tugas punika diserahaken dhumateng Mbah Sabdaita.
Dibukane dusun anyar Mbah Sabdaita maringi nami “Serayu Karanganyar”. Dugi seda Mbah Sabdaita tetep teng Serayu Karanganyar.


TUGAS BAHASA JAWA
CERITA RAKYAT KARANGAYAR














NAMA         : UKI PUTRI AGUNG. N
NO. ABSEN : 32
KELAS        : X. 9

SEKOLAH MENENGAH ATAS NEGERI 1 KARANGANYAR
Jalan A.W. Monginsidi 03, Telepon 0271- 494068, Karanganyar 57714
KARANGANYAR
2012 



 ALWAYS REMEMBER : http://aakkuucintaindonesia.blogspot.com

8 comments: